Senin, 01 Juni 2015

KIDANG KENCANA

Prabu Dasarata duweni anak 4 yaiku Rama, Lesmana, Barata, lan Satrugna. Satrugna lan Lesmana kuwi kembar putra saka Dewi Sumitra. Dene Rama putra saka Dewi Kosalya. Dewi Kekeyi kagungan putra asma Barata.

Prabu Dasarata amarga wis sepuh, kepingin masrahake tahta kanggo putrane mbarep yaiku Rama. Ananging, Dewi Kekeyi ora trima. Dewi Kekeyi nagih janji marang Prabu Dasarata yen sing dadi Raja bakale yaiku putrane Barata. Kanthi aboting manah, Prabu Dasarata sarujuk. Dene Rama kudu urip udakara 14 tahun urip ana ing tengah alas.

Prabu Rama ninggalake Ayodya dikancani dening garwane Dewi Sinta lan rayine Lesmana. Rombongan ninggalake Ayodya tumuju alas Dandaka. Ana ing alas mau, akeh banget coba lan godha. Rombongan mau ketemu karo Raseksa wedok kang aran Sarpakenaka. Sarpakenaka kepincut marang pasuryaning Rama. Dheweke nyedhaki Rama. Ananging, Prabu Rama ora sudi.

Banjur, Sarpakenaka uga kepincut marang Lesmana. Semana uga Lesmana ora sudi narima Sarpakenaka. Gelut ora bisa kapenggak. Pungkasane, Sarpakena tatu marang pedange Lesmana. Irunge tatu. Banjur dheweke menyang bali mulih ing Alengka. Sarpakenaka wadul marang kakange yaiku Dasamuka.

Dasamuka diwaduli adhine kang tatu mau murka. Banjur ngrancang siasat males rombongane Rama. Dikancane karo abdine kang jeneng Kala Marica, Dasamuka menyang ing alas Dandaka. Ing Kana, Kala MArica memba-memba dadi Kidang. Kidang kang bagus tenan duweni ules kencana. Kala Marica banjur mlaya-mlayu ing sacedhake kemahe rombongan Rama. Dewi Sinta kang ngerti ulese Kidang kang kaya emas mau, banjur ngrayu garwane supaya gelem nyekelake. Amarga banget tresnane marang garwane, Rama kersa nyekelake kidang kencana mau.

Lesmana diutus njaga Dewi Sinta aja nganti ditinggal dhewean. Rama nggudak kidang mau. Saya suwe saya adoh saka kemahe. Kidang mau mlayune kesit. Banjur, Rama nguculake jemparinge. Panah mau ngenani kidang. Kidang mbengok kelaran. Bengokane Kidang krungu dumugi kemah. Bengokan mau mirip swarane Rama. Sinta kang krungu cilik atine. Banjur ngutus Lesmana marani Rama. Dewi Sinta kwatir menawa Rama kena mala. Ananging, Lesmana ora gelem. Dheweke wis kadung janji marang Rama supaya ora lunga saka kemah ninggal Dewi Sinta.

Dewi Sinta ngrayu terus. Pungkasane, Lesmana gelem marani Rama. Ananging, sadurunge lunga, dheweke nggawe bunderan. Dewi Sinta ora oleh nglewati bunderan mau suwene Lesmana utawa Rama bali mulih.

Begitu cuplikan crita Ramayana yang meceritakan awal perjalanan Rama dan Sinta. Cerita diambil berdasarkan pengetahuan bu Linna. Namun, bisa juga dibaca diberbagai buku seperti kalangwan, epos Ramayana, pokoknya banyak sumber deh. Semoga bermanfaat.

Baca juga ini ya..

Wayang Resi Jatayu Sang Garuda Wicaksana

12 komentar: